Berita Teknologi, Komputer & Gadget Terbaru

Kisi-Kisi UAS BasaJawa Kelas X




I
Unggah-Ungguh
Arti Unggah-Ungguh Bahasa Jawa
Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku :
1.      Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).
2.      Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
3.      Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.
4.       Basa Kedhaton.
5.       Basa Kasar.
Nanging manut ewah-ewahan jaman, saiki ragam basa Jawa mung kapantha dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kapantha maneh dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama uga kapantha dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus. Bedane ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :
1.    Ngoko Lugu
     yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.  Gunane kanggo guneman antarane :
•       Wong tuwa marang bocah enom
•       Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
•       Wong apangkat dhuwur marang pegawene
•       Bocah cilik karo kancane
•       Ngunandika (ngomong dhewe)
2.    Ngoko Andhap/alus
     yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
•       Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
•       Bojone priyayi marang sing lanang
•       Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)
Basa ngoko andhap bisa diperang dadi :
a.    Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
•       Aku, tetep ora owah
•       Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
•       Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah
Macam-Macam Basa Krama
a.     Krama Lugu
Krama lugu wujude kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
Tuladha:
1)      Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2)      Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3)      Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4)      Bapak kundure mangke jam kalih.
b.     Krama Alus
Krama alus wujude kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.
Tuladha:
1)      Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2)      Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3)      Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4)      Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.

II
MACAPAT
Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
Paugeran (Ciri-ciri/tatanan)
a. Guru gatra       : cacahing gatra/larik ing saben pada

b. Guru wilangan : cacahing wanda ing saben sagatra

d. Guru lagu        : tibaning swara ing pungkasaning gatra

Contoh Macapat Pangkur
3       5     5        5     5     3      3     3
Se - kar pang - kur kang wi - na - ra
3      5     5       6    1      1         1    1      2  3    3
Le - la - buh - an kang kang - go wong a- u - rip
5     6  1      1   1    23   23
A - la be - cik pu - ni - ka
1        6     5   5      5        5    5
Pra - yo - ga ka - wruh - a - na
3      5    6      5    3    1   1   1    1   212   3     3
A - dat wa - ton pu - ni ku di - pun ka - du - lu
5         6    1        1    1    1    1     1
Mi - wah ing - kang ta - ta kra - ma
1         2    3      1     2     3      32   1
Den - ka   es - thi  - si - ang - ra - tri

Guru Gatra, Guru Wilangan , Lan Guru Lagu
Pangkur             : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

III
Tembang
Macapat adalah tembang atau puisi tradisional Jawa. Setiap bait macapat mempunyai baris kalimat yang disebut gatra, dan setiap gatra mempunyai sejumlah suku kata (guru wilangan) tertentu, dan berakhir pada bunyi sanjak akhir yang disebut guru lagu. Biasanya macapat diartikan sebagai maca papat-papat (membaca empat-empat), yaitu maksudnya cara membaca terjalin tiap empat suku kata.
Isine Macapat :
Dhandhanggula iku salah sijiné tembang macapat kang isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga duwé isi kang legi kaya déné gula. Akèh pitutur kuna kang nganggo jinis iki. Tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharaké piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah (kenangan manis). Dene, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.
IV
Negesi Tembung
Negesi tembung :

Slisir = 1. Nyimpang, mleset; 2. Araning tembang tengahan.
mareng = mangsa kemareng, mangsa sabubare mangsa rendheng ngarepake ketiga, pancaroba.
tenggareng = tenggereng, penther, srengenge ora kalingan mendhung.
kadhar , turu kadhar = turu ing sajabaning omah.
ratri = bengi, wengi.
siang ratri = rina wengi.
ngraras = nglaras; diraras-raras = digagas-gagas.
dhedhet = kandel sarta peteng (tumrap mendhung)
tidhem = surem, sirep; tidhem premanem = sirep tanpa sabawa.
sasadhara = taranggana, lintang, kartika, sudama, wintang.
kawuryan = katon
menggep = nganggep.
sanggyaning dasih = sakabehing kekasihe.
cakrawala = garis awang-awang watesing bumi lan langit
cakra = bunderan, rodha, gegaman awujud rodha paring caringih.
cakra manggilingan = tansah mubeng kaya ubenge cakra.
cakrabyuha = gelaring perang.
winulat = dideleng

V
Dasanama (Sinonim)
Abang = abrit, rekta, jingga, jenar.
Abang enom = dadu.
Aku = ulun, amba, ingong, ingwang, ingsun, kawula, manira
Anggone = olehe, denya, dera, denira.
Anak = putra, weka, suta, sunu, atmaja, tanaya, yoga, sunu, siwi
Angin = barat, samirana, bayu, bajra, lesus, aliwawar, pawana, maruta, sindhung, tatagata, pracandha, anila, riwut.
Anom = mudha, taruna, taruni, timur
Arep = ayun, apti, arsi, arsa, septa.
Asu = sona, srenggala, anjing, cemera.
Awak = angga, lingga, dhiri, badan, raga, jasmani tubuh, salira
Banget = dhahat, luwih, asru, mandra, sakamantyan, tan sipi, arda.
Bangke = parasu, kunarpa, wangke, sawa, kuwanda, mayit.
Banyu = sindu, we, toya, tirta, udaka, warih, jala, jahni, her, tuban, jahnawi.
Beda = beneh, liya, pae.
Biyen = dhingin, dihin, riyin, nguni, duk ing kuna.
Biru = nila, bintulu.
Bodho = pengung, kumprung, jugul, punggung, pingging, mudha, mudha dama.
Buta = raseksa, wil, diyu.
Dalan = marga, margi, lurung, enu, delanggung.
Dhewe = piyambak, pribadi, priyangga, anggana.
Dhuwit = arta, yatra, uwang, picis.
Dhuwur = luhur, inggil, dhuhur, punjung.
Duta = caraka, cundhaka, wimbasara, gandhek, kongkonan, kengkenan, utusan.
Endah = peni, raras, raras rum, halep, resmi, wicitra
Emas = kencana, kanaka, jene, rukma, suwarna, rukmi.
Embok = biyung, wibi, umi, biyang, ibu, rena, indhung,
Gajah = esthi, dipangga, dwipangga, liman
Galak = rota, lodra, rodra, krura, kruraya, pragalba, wirodra, wiroda, darpa, darpaya.
Gawe = kardi, karya, karti, yasa, makirtya.
Geni = agni, brama, dahana, pawaka, bahni, nala.
Godhong = ron, patra, rondhon.
Gunem = wacana, angling, wicara, wuwus.
Gunung = giri, parwata, prawata, prabata, redi, ardi, wukir, meru, acala, aldaka.
Ijo = ijem, wilis.
Ireng = cemeng, kresna, langking.
Jeneng = aran, asma, penengeran, wewangi, kekasih, peparab, jejuluk.
Kabeh = sadaya, sagung, sanggya, salir, salwir, sakalir, sakweh, sadarum.
Kalah = kandhah, kandhih, kandhap, kelindhih, ketitih, kasor.
Kali = bengawan, narmada, benawi, lepen.
Kanca = rowang, rewang, kanthi.
Kangen = oneng, wulangun.
Kasmaran = kepencut, kesengsem, brangta, brangti, wuyung.
Katon = keksi, kawistara, kasatmata, kawuryan.
Karep = kapti, kayun, karsa.
Kawruh = guna, pangawikan, sastra, wedha, widya.
Kembang : sekar, puspa, padma, puspita, kusuma.
Kendel = nirbaya, nirbita, sura, wani, sudira.
Keris = dhuwung, wangkingan, katga, curiga, suduk.
Kethek = juris, rewanda, munyuk, wre, palwaga, wanara, kapi.
Kewuhan = wagugen, kepwan, keron, kewran, kaweken.
Kidang = mrega, arina, saraba, cemuru, wariga.
Kidul = duksina, daksina.
Kobong = kobar, kawlagar, katunu.
Kodhok = wyangga, canthuka, wiyung.
Kombang = bremara, bremari, sadpada, madukara.
Kondhang = kasub, kawentar, kombul, kasusra, kalok, kaloka, kontap, kongas, kajuwara, komuk, kojat, kasumbageng jagat, kaonang-onang, kajanapriya, misuwur, mashur.
Kulit = kusika, carma, walulang, wacucal.
Kulon = pascima
Kuning = gadhing, jenar, pita, jene.
Kuping = talingan, karna, karni
Kuwatir = ganggam, sandeya, sumelang, mamang, uwas, walang ati, walang kayun, walang kapti, walangdriya.
Jurang = parung, sigrong, trebis, trejung, rejeng.
Lanang = jalu, jaler, kakung, priya.
Langit = akasa, gegana, jumantara, boma, byoma, bomantara, antariksa, wiyat, wiyati, widik-widik, tawang, awang-awang.
Lawang = kori, wiwara.
Lestari = widada, lestantun, sempulur.
Lintah = uta, wredhu angga.
Lintang = wintang, sasa, sudama, kartika, taranggana.
Lor = utara.
Lungguh = lenggah, sila, linggih.
Manawa = manawi, yen, yan, lamun, kalamun, bilih.
Manuk = peksi, kaga, kukila.
Mega = ima, irawan, mendhung, jaladara, imantaka, kokap, jalada.
Menyawak = kawuk, salira.
Ndeleng = ndulu, natmata, mangeksi, mulat, miyat, anon.
Patih = warangkapraja, mantriwredha, mantrimuka, nindyamantri, mantri pangayun, mantri wisesa.
Pinggir = tepi, swamipa, imbang, iring.
Prajurit = wadya, bala, tantra, wadyabala, wadyatantra, balakoswa, bretya, wrahatbala.
Putih = pethak, seta, pinge, dawala, pingul.
Ratu = aji, katong, pamasa, pamase, narpa, narpati, narapati, narendra, raja, naranata, naradipa, naradipati, nareswara, dhatu.
Rembulan = wulan, candra, sasi, tengsu, sitengsu, badra, basanta, lek, soma, sitaresmi, sasadhara.
Segara = samodra, laut, jalanidhi, jaladri, udadi, arnawa.
Slamet = rahayu, raharja, yuwana, basuki, swasta, lestari, widada.
Sorot = sunar, sunu, cahya, prawa, praba, senen, sirat, kenyar, ujwala, ujwalita.
Srengenge = arka, aruna, aditya, pratangga, pratanggapati, pratanggakara, diwangkara, prabangkara, baskara, bagaskara, radite, raditya, surya, bagaspati.
Tansah = sanityasa, lana, anggung, manggung, lumintu, lumintir.
Tuladha = kupiya, palupi, conto, darsana, lupiya.
Udan = jawah, jawuh, jaweh, wresthi, riris, rarabi, taracab, warsa.
Untu = denta, waja.
Wadon = estri, dhuhita, wanita, gini, rini, putri, wanodya, garini, retno, dayinta, juwita, wadu.
Wadya = bala, tantra, wadyabala, wadyatantra, balakoswa, bretya, wrahatbala.
Wangi = arum, amrik, sumrik, minging, ngambar, ngambar-ambar.
Wetan = purwa, timur.
Wetu = wedal, wiyos, wahya, wedhar, babar, mijil, wimba, wurya.
VI
Bab Aksara
Aksara Murda
Tag : Materi

Related Post:

0 Komentar untuk "Kisi-Kisi UAS BasaJawa Kelas X "

Back To Top