Berita Teknologi, Komputer & Gadget Terbaru

Geguritan Basa Jawa

Geguritan
1.    Guguritan gagrak lawas
Guguritan gagrak lawas nggunaake basa jawa kuna, diperang ing pupuh tembung. Diatur guru lagu, guru gatra, guru wilangan. Geguritan gagrak lawas klebu golongan tembang lelagon Purwakanthi guru swara.
Paugeran geguritan gagrak lawas :
a.    Cacahe gatra mboten ajeg, lumrah minimal 4 gatra
b.    Cacahe wanda (suku kata) saben gatra podo karo liyane
c.    Guru lagu saben pungkasaning gatra padha karo gatra liyane
d.    Ana bebuka “Sun Gegurit”
Tuladha :
    “ Sun Gegurit  “
Watake wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setyo marang sakeh janji

2.    Geguritan gagrak anyar
Nggunakake basa jawa jaman saiki, ditulis nggunakake basa jawa jaman saiki, ditulis nganggo aksara latin, nggunakake kertas/dluwang. Ora diperang ing pupuh2 tembung ora nganggo tembung “Sun gegurit” bisa disebut puisi Jawa bebas.
-    Gurit  yaiku tulisan
-    Geguritan yaiku wedharing ati, isen-isening ati, sing ditulis liwat larik2 tetembungan sing endah.
-    Geeguritan sik apik prayogane ngemat unsur2 :
1.    Koedah (nilai estatis)
a.    Pamilihing tembung2 mentes, nges, pantes
b.    Nggunaake lelewaning basa (gata bahasa/majas) sing bisa ngenei greget
c.    Nggunaake purwkanthi guru swara, nambah kacdahing swara
2.    Piwulang/Pendidikan (edukatif)
Bisa ngenei patuladhan lan pitutur sing apik, serta migunani kanggo urip ing alam ndonya
3.    Nyuwuhake rasa tresna
Geguritan bisa nuwuhahe rasa tresna sing migunani tumrap masyarakat, amarga bisa nyuntakke idhe kan gagasan tumrap majuning nisa bangsa.
4.    Wutuh (koheran)
Isining geguritan kudu wutuh lan nyawiji ing antawissipun perangan unsure geguritan. Ora bisa ngadeg dewe dewe.

Tag : BasaJawa

Related Post:

0 Komentar untuk "Geguritan Basa Jawa"

Back To Top